> SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 7 SEMESTER GENAP - Laboratorium Soal
Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 7 SEMESTER GENAP

SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 7 SEMESTER GENAP ~ hai sobat LS , kali ini admin mau post soal PTS bahasa Jawa kelas 7 semester genap nihh
I. Pilihen siji  jawaban sing bener!

1. Ing basa Indonesia, geguritan gagrag anyar diarani ....
a. puisi
b. prosa
c. karya ilmiah
d. semboyan
2. Wong sing ngasilake karya sastra wujud geguritan, diarani ....
a. panggurit
b. niyaga
c. komposer
d. penyanyi
3. Asil karya sastra Jawa kang ora kaiket ing aturan guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu lan awujud puisi, diarani ....
a. tembang macapat
b. tembang dolanan
c. geguritan
d. gancaran
4. Supaya bisa nulis geguritan kang apik tur enak diwaca, kudu ....
a. tembunge endah, mentes
b. tembunge apik, mentes
c. tembunge entar
d. tembunge ilmiyah
5. Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!
Wanci sekolah miwiti pasinaon
Kathah siswa kang sami pitakon
Sabtu enjing kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti tanpa dikongkon
..................................................
Purwakanthi kang tinemu ing geguritan yaiku ....
a. purwakanthi guru swara
b. purwakanthi guru sastra
c. purwakanthi lumaksita
d. purwakanthi guru basa
6. Tembang macapat uga diarani ....
a. tembang cilik
b. tembang tengahan
c. tembang gedhe
d. tembang dolanan
7. Tembang macapat iku ana ....
a. 8
b. 9
c. 10
d. 11
8. Tembang macapat iku kaiket ing paugeran ....
a. guru gatra, guru basa, guru lagu
b. guru gatra, guru wilangan, guru lagu
c. guru swara, guru basa, guru sastra
d. guru swara, guru lagu, guru wilangan
9. Isine tembang Pucung iku lumrahe ....
a. pitutur
b. asmara
c. prihatin
d. nesu banget
10. Arane tembang macapat iku nggambarake manungsa wiwit lair nganti mati. Laire manungsa digambarake nganggo aran tembang....
a. Pucung
b. Sinom
c. Mijil
d. Kinanthi


II. PITAKONAN ING NGISOR IKI Wangsulana kanthi patitis!
1. Nalika maca geguritan kudu gatekake....
2. Geguritan kang saben padane kasusun saka patang gatra diarani.....
3. Surasa ing geguritan bisa awujud.......
4. Wangsalan rangkep uga diarani wangsalan....
5. Obahing awak uga diarani...
Wacan soal nomor 4-8
Urip ing ndonya tan lami,
aja dhemen numpuk bandha,
elinga tembe mburine,
lamun mati tan ginawa,
namung amal jariyah,
mula senenga tetulung,
marang sapadhane gesang.
6. Pira guru gatrane tembang ing dhuwur....
7. Pira guru lagune tembang ing dhuwur....
8. Pira guru wilangane tembang ing dhuwur...
9. Apa temane tembang ing dhuwur...
10. Pesan moral apa sing bisa kojupuk saka tembang ing dhuwur...

III. ESSAI
1. Sebutna cara nulis geguritan!
2. Jlentrehna kang diarani sad gatra sapada!
3. Sebutna jinise tembang sing koweruhi!
KAHANAN WAYAH ESUK
Awan kanthi bulak
Kahanane peteng dhedhet
Kabeh pada keblowok turu kepati
Tanpa raga tanpa swara
Ora watara suwe
Wengise wengi sing kumlebat
Karosane ilang tanpa tilas
Kasentor ublik katon gagah
Sapungkure iku
Ngundang etan gedhe, ngancik wayah esuk
Kawiyak sunaring srengenge
Surya ngrembaka maneh
Kabeh pada tangi
Kabeh pada bungah
Kabeh kewan sumringah
Kembang-kembang semburat maneh
Muhammad Khoirunnas 5 Maret 2012 22.30

4. Basa rinengga apa bae kang tinemu ing guritan kasebut?
5. Gawea geguritan sing temane “tresnane ayah”

Post a Comment for "SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 7 SEMESTER GENAP"