SOAL PERSIAPAN PTS BAHASA JAWA KELAS 7 SEMESTER GANJIL K13
HAI SOBAT LS...Kali ini admin LS (Laboratorium Soal) akan mempoting tentang soal persiapan PTS (Penilaian Tengah Semester) ganjil bahasa jawa kelas 7 ya..
semoga bermanfaat!
A. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI!
1. Teks sing isine nggambarake objek kanthi gamblang lan rinci kasebut uga.
Kanggo soal nomer 2-5
Alas mangrove iku wigati banget
Kanggo njaga lan ngayomi lingkungan hidup. njaga dharatan saka abrasi ombak segara, uga nglindungi alam saka tsunami.
2. Sing kalebu tembung aran ing punggelan teks ing dhuwur yaiku....
3. Sing kalebu tembung kriya ing punggelan teks ing dhuwur yaiku....
4. Sing kalebu tembung kahanan ing punggelan teks ing dhuwur yaiku....
5. Sing kalebu tembung ancer-ancer ing punggelan teks ing dhuwur yaiku....
6. Pak Mujo lunga menyang Solo numpak sepur. yen diowahi dadi ngoko alus yaiku....
7. Bu Marjuki mulih saka kantor mampir pasar. yen diowahi dadi ngoko alus yaiku....
8. Swara jejeg yaiku. . .
9. Swara miring yaiku. . .
10. Tulisna 2 swara sing kalebu swara a jejeg lan swara i miring
Swara a jejeg.
a. ................
b. ...............
Swara i miring.
a. .................
b. ..................
B. URAIAN
1. Jelasna apa seng dimaksud teks profil tokoh iku?
Wacanan ing ngisor iki wacanen sing teliti!
SENDANG BIRU
Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing. Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang luwih 30 kilo meter.
Pesisir Sendang Biru minangka obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae sing teka menyang Sendang Biru. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan yen nyawang mangidul katon njenggerenge Pulo Sempu. Saka Pesisir Sendang Biru bisa nyabrang menyang Pulo Sempu. Anane Pulo Sempu ombak ing Pesisir Sendang
Biru ora gedhe. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.
Diarani Sendang Biru kuwi ana sejarahe. Ing pesisir ana sawenehing sumber kang banyune wernane biru. Tembung sumber bisa uga ateges sendhang, mula banjur diarani Pesisir Sendang Biru.
Pesisir Sendang Biru ing dinane iki dikelola dening perusahaan negara aran Forestay Ing kana fasilitas wis sumadiya, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan.
Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa kendaraan pribadi utawa kendaraan umum, yaiku mikrolet jurusan Gadang – Turen – Sendang Biru.
(Sumber: http://www.eastjava.com kanthi owah-owahan sethithik)
Wacanen teks ”Sendang Biru” sabanjure pilahen manut struktur tek dekriptif
|
No. |
Struktur Teks Deskriptif |
Ukara |
|
2. |
Identifikasi |
|
|
3. |
Klasifikasi |
|
|
4. |
Deskripsi bagean |
|
5. Sebutna struktur teks profil tokoh!
6. Jelasna apa sing dimaksud tembung lingga?
7. Jelasna apa sing dimaksud tembung andhahan?
Wacanen teks ing ngisor iki sing titi agawe jawab soal nomer 8-10!
Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing Sukabumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi‟ah. Rafida pancen pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Setaun sinau ing TK banjur mlebu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran mlebu ing kelas akselerasi. Ing SMP
lan SMA uga mlebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasine Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadharan sinau dhewe dhewe.
(Sumber: Panjebar Semangat, No.2, tgl. 12 Januari 2013)
Pilahen manut struktur teks profil tokoh
|
No. |
Struktur Teks Deskriptif |
Ukara |
|
8. |
Orientasi |
|
|
9. |
Prastawa |
|
|
10. |
Reorientasi |
|

Post a Comment for "SOAL PERSIAPAN PTS BAHASA JAWA KELAS 7 SEMESTER GANJIL K13"